TOGA
Tetuwuhane sing bisa ditandur lan nduweni daya kasiyat kanggo obat ing ngisor iki :
1) Lidah buaya(aloevera/ilat bajul) : kasiyate kanggo radang tenggorok, ambeien(wasir), sembelit, diabetes mellitus, bisa mudunake kadar gula, bisa nyuburake rambut, lan bisa kanggo ngobati watuk.
2) Tembelekan : kasiyate kanggo ekspektorat, diaforetik, antispasmodik, antipiretik, analgesik, hemostatik, kanggo ngobati watuk lan.
3) Kencur : selaine kanggo nyedepake panganan lan nginuman, kencur bisa dadi bahan jamu lan obat lara untu/waja, anane catu, nyeri ing dada, lara ing sira, lan sembelit. Jarene, kencur iku bisa ngobati tetanus, radang lambung, muntah-muntah, panas jero, lan keracunan. Bisa kanggo obat watuk, ngilangake keringet, lan nambah nafsu mangan.
4) Kunci : temu kunci ngandung isolate anti kanker, kanggo ngobati sariawan, lan ngobati lara ngoyo utawa weteng kembung ing arek-arek cilik.
5) Mengkudu : kanggo wong sing hipertensi, ngobati cacing gelang, nglancarake ngoyo, watuk, diabetes, radang ing usus, diare ing arek-arek cilik, kulit sing nyesek, hepatitis, eksem, ketombe, encok/pegel linu, masuk angin, lan radang ing tenggorok/amandel.
6) Kates gantung : kanggo ngobati encok/reumatik, malaria, weteng mules, amarga keracunan pete gedhe(jengkol), keracunan sing diakibatake pohong, cacing keremi, cacing gelang, nambah nafsu mangan, radang ing ginjal, batu ginjal, lara ing kandung kemih, dicakot ula sing duwe bisa, kanker, maag, sembelit, masuk angin, nglancarake ASI(banyu susune ibu), lan sing terakhir yaiku ngobati penyakit sikil gajah.
7) Kemuning : kanggo ngobati reumatik, keseleo, lara untu/waja, nglangsingake awak, radang ing buah zakar, infeksi ing saluran ngoyo, tekane haid ora teratur, lan ngobati kulit sing kasar.
8) Srikaya : kasiyate kanggo ngobati bisul sing kasar, borok, matengake bisul, nenangake wong sing histeris, mbasmi kutune asu, mbasmi kutu ing sira, cacung ing are-arek cilik, gangguan ing percernaan, diare, lan kudis.
9) Ciplukan : kasiyate kanggo ngobati penyakit diabetes melitus, lara ing paru-paru, ayan, borok.
10) Keji beling : kanggo ngobati penyakit tumor, diabetes mellitus, lever(penyakit kuning), ambeien(wasir), kolesterol sing lebih, maag, lan bisa kanggo ngobati gatel-gatel amarga ulet utawa semut
Senin, 05 April 2010
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar